SYUKURAN
Assalamualaikum
Wr.Wb.
Para rawuh
ingkang minulya, ingkang sepisan kula nderekaken memuji ing ngarsaning Gusti
Ingkang Maha Agung awit sampun kepareng paring ganjaran wilujeng satemah kula
miwah panjenengan saged makempal ing adicara sukuran menika, kanthi pangajab
adicara saged lumampah kanthi rancag tanpa alangan satunggal menapa.
Raka
kelas sanga ingkang kula tresnani ingkang skedhap malih badhe nilaraken bangku
pawiyatan ing SMP menika. Kula minangka wakilipun kelas pitu lan kelas wolu
badhe ngaturaken panampi atur perpisahan saking raka kelas sanga. Kula
ngraosaken bingah dene panjenengan sampun kasil medal saking SMP menika kanthi
nganthongi ijasah maring SMA.
Kula
sakanca badhe ngaturaken pangapura awit kekirangan kula sakanca. Raka kelas
sanga ingkang kula tresnani, kula sakanca ugi badhe ngaturaken matur nuwun
paring pitedhahipun dhumateng rayi kelas pitu lan kelas wolu. Kula sakanca
boten saged atur piwales menapa-menapa naming atur matur nuwun wonten
ngarsanipun. Kita namung saged mbales ngagem donga mugi-mugi sukses
lan slamet.
Mugi – mugi raka kelas sanga kedah semangat
sinau mempeng supados menapa mawon ingkang para raka kelas sanga cita-citaaken
saged dipunlampahi. Kula cekapi semanten rumiyin atur kula, bilih
wonten kiranging atur mawantu-wantu kula nyuwun lumunturing samodra pangaksami.
Wassalamualaikum Wr.Wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar